22 April 2018 | Pamomong

PRINGGITAN

Kebayanan Saben Dina

  • Oleh Saroni Asikin

Wis metaun-taun, saben 21 April, saben mringati Hari Kartini, wong wadon toli bocah wadon pada nganggo kebaya lan jaritan. Dadi katon manglingi. Sung temenan! Sing ayu dadi katon luwih mreneng, sing belih patiya ayu ya madan enak disawang.

Primen carane eben saben dina wong wadon, kaplak apa bocah, kuwe klambinane kebaya karo jaritan bae? ”Nyong ora setuju,” jakwire enyong sing arane Jon Lebay langsung nggembor kaya wong sing cungure keslomot wangwa rokok. ”Bisane ente belih setuju, Jon? Jare ente seneng angger ndeleng wong wadon kebayanan. Jarene dadi kayong seksi. Enyong kemutan waktu nang Bali, ente angger ndeleng jegeg Bali sing nganggo kebaya karo jaritan, matane ente kaya ora kedep-kedepa. Apa saiki ente dudu kebaya lover maning? Ente saiki kebaya hater ya?” ”Pokoke enyong belih setuju tingkat dewa!” Dasar Jon Lebay, sawise nggembor kuwe deweke mlencing mbuh merad nang endi. Enyong sih wis biyasa ngadepi jakwire enyong kiye.

Wonge gampang nggembor, gampang ngomentari apa bae kaya wong-wong sing nang Facebook apa Twitter, toli sawise kuwe merad. Ora tanggung jawab blas. Tinggal glanggang colong playu. Barang takgoleti sebabe bisane Jon Lebay nganti gemboran, eh jebule deweke ngrasa keporot duwite. Torog. Bisane? Taun wingi, jare deweke torog duit akeh. Bojone melu acara kartinian nang balai desa. Krana kartinian, ya si kharim kudu nganggo kebaya karo jaritan, toli paes nang salon. Krana ora duwe ya tuku anyar kabeh. Ora kur kuwe. Anake loro sing pancen wadon, egin SMA karo SMP, ya pada bae. Nyewa kebaya karo jarit sapaesane. ”Wis cacak ente etungen ndelen, pira toroge enyong nggo wong telu?

Angger saben dina paesan nang salon, bisa-bisa enyong ngedol umah.” Kuwe isi Whatsapp-e Jon Lebay waktu taktakoni nganggo WA alesane deweke gemboran nolak ide kebayanan saben dina. ”Oke deh, Bro. Paham wis. Tapi ente ora nolak kebayanan karo jaritan saben mringati dina klairane Ibu Harum, eh Ibu Kita Kartini oh ya?

Ya, eben pada ngrasakna dadi Kartini toli dadi kelingan perjuwangane Ibu Kita kuwe.” Jon mung njawab pendek, ”Mbuh! Ora ngarit!” Eh ora let suwe, tlepon gegeme enyong moni. Wah, saka Nok Selpi. Takkenalna ndisit ya, Nok Selpi kiye aran asline ditulis ”selfie”. Barang wong-wong seneng selfie, toli istilah kuwe moncer, deweke jengkel mangkane saben nulis arane dadi Selpi. Kiye bocah wadon sing aktip nang gerakan peminisme, sing jarene tukang mbelani hak-hake wong wadon.

Pokoke angger rika ketemu deweke, aja kosih ngomong sing ngrendahna wong wadon, rika bakal entek diganyami sauwen-uwen. Enyong kenal Selpi ya krana dikenalna Jon Lebay. ”Ente bisane picik nemen sih?” Trataban enyong. Tapi krana wis madan kenal gayane bocah wadon aktipis peminisme kiye, enyong cukup narik ambegan landung-landung. Lah primen, durung apa-apa wis dionek-onekna picik, sapa wonge sing ora baper? ”Keprimen, Nok?” ”Angger ente nganggep mringati Hari Kartini sing sakral kiye mung diwujudna nganggo kebaya karo jaritan, ente kuwe picik! Picik! Picik! Dikira gampang merjuwangna kesetaraan gender?

Wis luwih sa-abad perjuwangane Ibu Kita Kartini bae pikiran ngrendahna, nglecehna, ndadekna wong wadon kaya barang bae esih nang pikirane wong-wong. Ora gampang. Ngarti? Apa maning saiki, nang medsos sing viral akehe sing ngrendahna wong wadon.” Ya Allah, Gusti sing nyiptakna wong wadon lan wong lanang, paringana sabar ngadepi Nok Selpi.... Tapi enyong dadi ngarti, kiye mesti Jon crita karo nduduhna WA-ne enyong maring Nok Selpi. ”Sabar, Nok. Innallaha ma’a shabirin....” Ana swara wong narik ambegan nang seberang tlepon. ”Wong ana wong loro selingkuh, eh malah sing disalahna kur sing wadon. Kae sih istilahe sing diviralna.

Kuwe ngrendahkan harkat, martabat, lan drajate wong wadon.” ”Apa sih, Nok?” enyong takon, apen-apen ora ngarti. ”Pelakor!” Waduduh, ngapurane ya, Batir, sing maca kiye, enyong pengine nulis soal kebaya malah mlenceng tekan pelakor. Wah, Nok Selpi, Nok Selpi....(44)

Catetan Jakwir: basa prokem Jawa dialek Tegal nggo batir utawa kanca. Ente: sebutan gantine kowen, saka basa Arab ìantaî. Kharim: prokem Tegal nggo nyebut bojo wadon (istri); kiye uga saka basa Arab ìharimî sing artine istri. Ora ngarit: arti sebenere ìora luruh suketî, tapi sering dienggo ngomong walikan sing maksude ora ngarti.