22 April 2018 | Pamomong

Nalika Wong Lumrah Ngupadi Pangarsa

  • Dening Dhoni Zustiyantoro

Kabudayan Jawa nyebutake yen pangarsa becike mijil saka trahing kusuma, rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih. Nanging, apa wong lumrah, wong cilik, utawa papa ora wenang mimpin praja?

Pangarsa sing jejeg, nduweni kawigaten lan dadi punjere adil bebrayan, ora liya kajaba sapa wae sing bisa nuduhake trah becik. Ya mung priyayi sing kaya mangkono sing bakal bisa dadi ”ratu adil”, dadi juru slamet kanggo bebrayan sing urip kesrakat, lan luwihluwih bisa narik kawigaten kita minangka wong cilik. Kabudayan Jawa tansah ngajarake yen priyayi sing jejeg, tansah apik samubarange nalika sugeng.

Ya, jejeg ing kene dibuktekake kanthi apa kang katon. Para priyayi kondhang wis samesthine ngatonake bleger. Iku bisa dideleng saka papan (omah) kang gedhe, becik ageman (sandhang), lan pangan kang ora kurang tumrap kulawarga. Priyayi mangkono uga mesthi kulawarga jangkep lan genah. Kaya ora ana bab cacat lan kurang. Nanging, kepriye kahanane yen ana wong lumrah kepengin dadi pangarsa?

Kepriye yen ora kasil saka turunan kaya mangkono?

Sejatine sing kaya mangkono bisa digawe. Ing negara demokrasi, pangarsa nyatane ora mung dadi hak lan dolanane para kapitalis, yakuwi sing nduweni bandha donya lan modhal sosial-intelektual kang gedhe. Anderson (1977) nduweni pamawas menawa pangarsa mesthi nguwasani kosmis lan mistik. Ing bab kosmis, sapa wae sing kepengin dadi pemimpin kudu akeh mangerteni bab donya, sing bisa dimaknani uga kudu ngerti bab sakehing perkara satengahing bebrayan sing bakal dipimpin.

Mula saka iku, miturut Anderson, pemimpin uga tegese sing dikarepake dening bebrayan, sing mengkone dadi pangemban pangembating praja amarga bener-bener ngerteni lan madhahi kabeh kelompok utawa golongan. Tindak lan laku adil mung bisa kalakon yen sing nindakake mangerteni kanthi gegulang bab kaweruh (ngelmu), klebu nyinaoni bebrayan. Yen dinalar, mistik ing kene magepokan marang nyingkiri marang bab sing ing tembe bisa nyilakani. Minangka tuladha, wektu-wektu iki kita mangerteni akeh tuladha sing dilakoni dening sapa wae sing kepengin lungguh ana ing dhampar keprabon. Cara iku bisa lumantar apus-apus, nyerang lawan migunakake tembung kang ora patut diconto, nganti cara sing paling praktis, yaiku andum dhuwit. Kamangka cara mangkono dudu cara becik.

Nanging ing jaman nalika endi sing becik lan ala sansaya ”manunggal”, perkara kaya mangkono malah kepara dianggep lumrah. Nyatane pepinginan nengenake politik santun durung bisa kalakon. Iku klebu saka clemongan sing kasil saka tuture sing sejatine dikarepake bisa menehi tuladha. Saiki, ing telepisi, media massa cetak, apamaneh media sosial, para pengarep praja padha rebut bener lan adu kuwasa. Bebrayan mung dadi komoditas, mung dibutuhake wektu coblosan.

Metaempiris

Anderson uga ngandharake yen kuwasa sajrone kabudayan Jawa asipat metaempiris. Mula cara-cara kanggo nggayuh uga nengenake bab kosmis iku mau sing magepokan karo bebrayan. Ora mung bab sugih, bandha, kulawarga, turunan. Bab iku uga sing dijlentrehake Franz Magnis-Suseno sajrone Etika Politik: Prinsip-prinsip Dasar Negara Modern (2016).

Setyo Wibowo (2017) nyebutake yen pancen ora gampang ngasilake pangarsa. Iku amarga ora ana sekolah sing pancen sacara kusus digawe kanggo ngajarake dadi pemimpin. Sasuwene iki, pemimpin mung kasil saka pepinginan, kalodhangan (kesempatan), lan modhal sing ora sithik. Sawise nyekel pusarane adil, uga ora ana jaminan yen bakal sampurna tanpa tindak sing bakal nguciwakake bebrayan.

Luwih saka iku, miturut pamawas Barat, bab wigati sing uga kudu dadi kawigaten, yaiku kepriye ngasilake pemimpin sing nduweni standar moral. Sabab, moral pemimpin ing Barat dadi dhasar kanggo maju lan dipilih. Nanging, sepisan maneh uga ora ana jaminan yen wis kepilih bakal nduweni watak kang sejati kaya mangkono. Ing Barat, jaman kang wis malih uga nyiptakake ”norma baru”.

Paugeran lan babbab sasuwene iki dadi paugeran, mligine bab moral, kepara sansaya ora dilirik. Suwalike, cara-cara anyar sajrone mimpin lan kepara ekstrem sansaya akeh narik kawigaten. Pilihan Presiden Amerika 2016 dadi salah siji bukti (Times, 2017). Ya, kabudayan Jawa uga nuduhake yen kuwasa bakal ilang nalika nuduhake pamrihe. Nalika pemimpin mung nuruti nepsu kadonyan lan nengenake golongane dhewe, dheweke bakal ngatonake pamrih. Iku sing bakal dadi sabab bakal disetir dening kahanan, sing bakale bisa ngilangi daya kosmik sajrone dhiri. Sanjabane iku, kabudayan Jawa uga sejatine wis nuduhake sapa wae sing kepengin dadi pemimpin mesthi ngupadi srana pribadi. Mung kanthi cara mangkono bisa kasil pemimpin sejati.

Ora mung ngandelake pangaribawa, apamaneh trahing kusuma, rembesing madu, wijining atapa, tedhaking andana warih. Sabab, sapa wae bisa dadi pemimpin lan wong lumrah ora dadi alangan nindakake laku utama.(44)

- Dhoni Zustiyantoro, mulang ing Program Studi Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang (Unnes), nulis buku Tentang Jawa dan Hal-hal yang Tak Selesai (2017)