WARUNG POCI TEGAL
Panen Poto
- DANING MAUFUR
DINASelasatanggal sepuluh wulan April taun sewu sangangatus wolulas, enyong olih uleman saka panitia pringatan dina dadine Kota Tegal kaping patangatus telung puluh wolu, khususe nang acara tasyakuran karo upacara nang alun-alun. Enyong ya ngucap syukur, taun kiye diulemi. Merga taun wingi sing pas dadi walikotane bunda tercinta, enyong ora olih diundang. Nganti Sidang Paripurna Dewan, sing wis kadung ulemane enyong tampani, kongkon dijaluk maning. Nah saiki dadi kebablasen, walikotane wis ganti, nanging enyong tetep ora olih uleman saka dewan. Ya wis ora papa, sapa ngerti klalen, utawa pancen ora kudune.
Ana pribahasa sing monine kaya kiye, ”Sapa wonge sing nandur, sesuke bakal panen.” Merga kuwe mung pribahasa, gadi sing ditandur ora kudu tanduran utawa wit-witan tok, nanging bisa apa bae. Nandur laku sing apik-apik, seumpawa: Mbantu urusane wong sing merlukena, luwih sering teka yen olih uleman, sering taziah yen ana wong mati, jujur, disiplin, lan liya-liyane. Utawa sewalike laku sing ora apik, kaya tah: Yen utang ora mbayar, diulemi arang-arang teka, ora sesrawungan karo tangga-tanggane, lan liya-liyane. Sesuke, embuh kapan wektune bakal olih piwalesan saka Gusti Allah liwat sapa utawa liwat apa mbuh apa. Nah yen enyong rada sejen dewek, ora rumangsa nandur nanging ujug-ujug panen poto. Minggu wingi, nang sajerone dina-dina masyarakat Kota Tegal ngrayakena ngadege Kota Tegal, enyong olih kiriman pirang-pirang poto saka kanca-kanca. Ana potone enyong sing wis lawas, ana uga sing egin anyar, malah ana poto sadina sadurunge.
Sing ping siji saka Lanang Setiawan. Enyong ora paham, embuh Lanang lagi kenang apa, kesambet, mbuh lagi ngemuti wektu sing wis keliwat, ujug-ujug deweke ngeser utawa ngetokna poto-potone enyong nang WAgrup Tegal Yaheeerr. Ana sing lagi pas dilantik Gubernur Jawa Tengah Mardiyanto, enyong dadi Wakil Walikota. Trus nang isore ditulisi: ”Wong sing nganggo kelambi putih, gagah por. ”Bar kuwe, potone enyong sing lagi jagongan ngobrol kamben pak Suciningrat lan Budayawan Taufik Ismail. Let sadelat nongol poto enyong lagi ngadeg maca puisi tegalan diiringi kelompok musik KSWTsing dipimpin Nur Ngudiono (almarhum). Ana uga poto, sing dijukut saka kliping koran, gambare enyong lagi nembang, lan dinein judul, ”Lagu Broery Diobrak-abrik Maufur.” Ana tambahan tulisane, ”Maufur tetep bela maring sastra tegalan pol nemen. Persis kaya kang Nur. Yaheeerrrr.....” Trus poto sing paling gres, potone enyong karo pak Adi Winarso, lan pak Ghautsun pas lagi ketemu nang peringgitan Balaikota, nekani undangan tasyakuran. Nang isore ana tulisan, ”Reuni (wakil walikota, walikota, lan ketua DPRD nang wayahe). Tokoh Pembangunan Kota Tegal sing wis kasil nggawa Kota Tegal dadi jayane.” Nang grup WAPilwalkot, sing diadmini mba Dina F, sing aran Muthi ngeser potone enyong lagi jejer-jejer njagong silah karo Pjs Walikota, mantan Walikota, pimpinan DPRD, lan Forkompimda.
Acara tasyakuran dina ngadege Kota Tegal kaping patangatus telungpuluh wolu nang pendopo Ki Gede Sebayu Balai Kota Tegal. Nang WA grup SPG Angkatan Komplit, Yuri Puji Lestari ngeser potone enyong karo Hesti lagi nyekel buku Kulup Karo Emane. Nang isore ana tulisane, ”Mas Apung kanggo klambi batik akeh tulisane, tapi susah macane. Nah liwat Warung Poci tak sebut tulisne kaya kiye mba, ”Ngaji nggo luruh pinter, jamaah nggo luruh bener. Endah pinter tur bener, kudu sregep ngaji karo jamaah.” Tulisan kuwe olah olih pikirane Atmo Tan Sidik. Maksude, yen ngaji apike aja dewekan, tapi ana kancane lan ana gurune.
Gurune ya apike aja siji tok, tapi ngaji nang guru liyane uga. Ora jare wong siji, tapi supaya komplit. Embuh kepriben, kang Catur Cakra bae ngeser fotone enyong gemiyen jejeran karo pak Ghotzun nganggo klambi pramuka. Nang ngisore ditulisi, ”Wektu enome gagah, ngganteng, kebek wibawa nemen.” Batine enyong, saiki wis ora ngganteng lan kurang wibawa yah.” Bar kuwe WA tak wales, ”Saiki tah jelas luwih gagah kang Catur oh”. Balese Catur mung, ”Kik...kik...kik...” Let rong dina Lanang kirim SMS, unine, ”Ulang taun Kota Tegal sing kaping 438, kudune mengusung basa tegalan sing saiki wis ngrambah maring endi-endi ora. G
uru-guru SMPKabupaten Tegal wis lairna buku kumpulan cerita pendek basa tegalan nganti patang seri. Lah yen nang Kota Tegal apa? Kayonge nembe sambutan nang sidang paripurna DPRD lan nang upacara bendera, nganggo basa tegalan. Sing jare PjS wali kota, ”Aduh angger kongkon maca tek pidato nganggo basa tegalan, enyong kemeringet, radan susah.” Lah maksude Lanang tah, supaya ana peningkatan basa tegalan nang acara ulang taun kota, kaya tah, ana lomba-lomba sing nganggo basa tegalan, kaya jaman walikotane Adi Winarso. Toli kadisdik supaya nein mmotivasi maring guru-guru sekolah, kaya sing nang Kabupaten Tegal. Kota Tegal aja kalah, Kota Tegal aja ketinggalan.(15)