30 April 2018 | Semarang Metro

RAME KONDHE

Penyakit Ganas Tau Nyerang Kampung Lawas

  • Kandhane Hartono

BENGIwingi Pak Bejo mara ning poskamling mbek muni-muni. Sesepuh kampung kuwi ketok banget nek lagek mberung. Deknen nganggo sarung tangan mbek nyangking tas kresek, irunge ditutupi masker. Bareng wis cedhak, wong sak poskamling pada nutupi irung merga ambune brengbrengan, mbadeg banget. Namatke mberunge Pak Bejo, orak ana sing wani cemuit. ''Samber nggelap tenan owk. Wis dielingke bolabali ijik tetep ngeyel. Mengko nek penyakit ganas nyerang kampung lawas maneh lagek kapok,'' kandhane Pak Bejo.

Suwarane rada bindheng merga irunge ditutupi masker. Tekane Pak Bejo ning poskamling pancen wis dienteni wong akeh merga meh dijaluki arahan kanggo acara peringatan Hari Jadi Kota Semarang. Lagek meh mangkat, deknen kepeksa balik omah njipuk masker mbek sarung tangan merga deknen nemu bathang tikus ning tengah ndalan. Orak mung siji, nanging ana telu. Warga sing paling nom langsung dikon mbuwang tas kresek isi bathang tikus mau ning kontainer sampah nggon pojokan kampung.

Pak RTsakbaka wis tau nggawe surat edaran kanggo warga soal larangan mbuang batang tikus sembarangan. Masalah kuwi ya wis kerep dibahas ning pertemuan warga merga pengurus RTtau nekani sosialisasi pemberantasan penyakit Leptospirosis ning kelurahan. Apa maneh penyuluh seka Dinas Kesehatan wis njelaske hasil penelitian nyimpuke nek tikus got (Rattus norvegicus) mbek tikus omah (Rattus tanezumi) dadi vektor penyebaran bakteri Leptospira ning wilayah Kota Semarang. ''Penyakit Leptospirosis durung amput-ampute dibandingke wabah penyakit ganas sing nate nggegerke Semarang sak abad kepungkur, persise taun 1916 ngasi 1918. Yaiku penyakit pes,'' kandhane Pak Bejo.

Perbaikan Kampung

Lik Dul banjur kelingan ceritane mbah kakunge sing tau kerja serabutan ning Dienst der Pestbestrijding (Dinas Pemberantasan Penyakit Pes) jaman Landa sing dipimpin Dokter de Vogel . Penyakit sing disebarke tuma tikus kuwi taun 1347 nyerang Eropa daratan lan kepulauan Inggris, terus nyebar ning seluruh dunia lewat tikus-tikus sing nutut kapal perdagangan. ''Mlebu Pulau Jawa seka Pelabuhan Tanjung Perak, Surabaya, taun 1910. Terus mrembet ngasi tekan Malang lan kutha-kutha liyane sing dilewati jaringan sepur. Mlebu Semarang taun 1916, maune dindharaki mung lewat Tanjung Emas, ngasi pemerintah Landa merintahe kapal-kapal sing meh mlebu pelabuhan dikarantina ning tengah laut seminggu. Jebule tikustikus penyebar pes uga kegawa sepur,'' jelas Lik Dul.

Jare Lik Dul, nurut catetan sejarah wabah pes nyerang kampung Bandarharjo sing paling cedhak pelabuhan Tanjung Emas mbek Stasiun Tawang, terus nyebar ning kampung Lemahgempal, Barusari, Bulustalan, Bululor, Pendrikan lan Perbalan. Bar kuwi mremen ning kampung-kampung lawas mulai seka Randusari, Widoharjo, Kembangsari, Kentangan, Gambiran, Bugangan, Rejosari, Karangturi, lan kampung- kampung liyane ning wilayah Semarang ngisor ngasi tekan Genuk. Korban meninggal luwih seka jedu.

Padhalan, penduduk Semarang jaman kuwi mung 158.029 jiwa. ''Warga sing kena pes dirawat ning barak-barak pengungsian, kampung dikosongke, omah sing dianggep parah dibongkar lan diobong. Dokter de Vogel nyaranke program perbaikan kampung secara total lan mbangun kawasan pemukiman anyar sing luwih sehat. Akhire Ir Thomas Karsten dipercaya ngrancang pemukiman anyar ning daerah Candi, Sompok, Halmahera, Mlaten, lan Pekunden. Kampung-kampung lawas ditata, gang-gang diluruske lan drainase dibangun ning ngarep omah,'' jelas Lik Dul.

Nanging, lanjut Lik Dul, sak bare kemerdekaan kondisi Semarang mbalah semrawut maneh. Kakus ning pinggir kali lagek isa ilang tenan sakploke Wali Kota Soetrisno Suharto nglaksanake Proyek Pembangunan Prasarana Kota Terpadu tahun 1990-an, sing ditandai mbek normalisasi Kali Semarang lan Kalibanger lan nggalake program Kebersihan, Keindahan dan Ketertiban (K3) sing mbalah diterjemahke dadi mbangun taman sak akeh-akehe. La terus, tugase wali kota saiki apa, Lik? ''Orak mung tugase wali kota, nanging iki tanggung jawabe kabeh warga, yaiku njaga sing wis apik lan mbeneke sing ijik semrawut. Peringatan Hari Jadi Kota Semarang saiki isa dadi momen tilik kampung. Sebab, Kota Semarang kuwi kebentuk seka kumpulan kampung- kampung ning pinggir Kali Semarang lan Jalan Mataram. Kampung lawas aja ngasi memelas,'' teges Lik Dul.(51)