22 April 2018 | Pamomong

BLENCONG

Sumpah Kadya Sepah

  • Dening Danang Cahya Firmansah

Panyawange Abimanyu tumuju maring Dewi Utari. Wanodya iku katon pinunjul ing warna. Abimanyu ngeleg idu sinambi nyawang si dewi. Saka kesengseme rasa, nggawe Sang Angkawijaya sigra ngrayu. Ngumbar ulat madu.

Dewi Utari mesem, Abimanyu sangsaya kesengsem. Tembung-tembung manis sing metu saka Abimanyu nggawe getering rasa Dewi Utari. Si dewi nyawang priya ana ngarepe katon gagah pideksa, gandhes luwes tur pantes. Nanging Dewi Utari durung percaya marang priya iku. Paling mung nepsu sing ngunjara budine, ngobahke pocapane, batine Dewi Utari. ”Aku kesengsem sliramu, Cah Ayu. Aku iki jejaka kang ngulandara. Ibarate keris, aku iki durung nemu warangka,” ucape Abimanyu kanthi ngadeg setengah suku.

Dewi Utari mesem lan ngalihke panyawang sinambi mangsuli, ”Apa bener durung nemu warangka?” ”Aku isih legan. Yen goroh, aku wani dikrocok gaman sewu,” sumpahe Abimanyu kanthi mantep. Najan mengkono, batine Abimanyu tetep nyuwara, ”Kenapa aku lali marang Sundari bojoku?” Nganti dina gumanti, wektu lumaku, Abimanyu tetep ora kendhat ngrayu. Sawise makaping-kaping ngupaya, akire Dewi Utari percaya Abimanyu isih jejaka. Wong loro iku sabanjure nali janji kanthi palakrama.

***

Perang Bratayuda Jaya Binangun wis kagelar ing Padhang Kurusetra. Para wadyabala Kurawa sigra nggawe barisan perang Cakrawyuha. Barisan kanggo ngremuk Pandhawa. Ing dina kaping telulas iku Abimanyu maju, ngrusak barisane Kurawa.

Dene para satriya Pandhawa liyane padha bingung, linglung merga kacegat mungsuh. Kurawa ngepung Abimanyu. Sang Angkawijaya tan gumeter. Sanalika jemparing mungsuh padha nancep ing awake Abimanyu, kadya udan kang mawut tumiba ing bumi. Abimanyu kaya landhak, merga akehe panah ing awak. Najan mengkono, Abimanyu isih ngunjal ambegan. Banjur salah siji Kurawa nyabetke gada Kiai Glinggang ing sirahe Abimanyu. Sirah iku sanalika ngetokke rah. Dadi ajur kaya bubur. Abimanyu pesat nyawa. Njawat astane Jurupati. Cerita lakon Abimanyu Gugur iku ngelingke aku marang piwulang para sujana: asor-asore drajat manungsa iku yen wis wani nerak sumpahe dhewe. Awit perkara sumpah malah nggeret pamikirku marang sumpahe para nayaka praja kang bakal nglungguhi dhampar keprabon.

Sumpah kanthi nyebut asmane Pangeran. Ngucap sumpah ing ngisore kitab suci. Nanging kenangapa sumpah iku kaya mung saderma sarat utawa pantespantesan. Nyatane akeh pangarsa negara iki kang nerak sumpah kanthi laku mangiwa. Apa ajine sumpah nayaka yen kedaden mbegal dhuwit negara malah dadi budaya? Apa iki uga ora disebut ngidak-idak agama lan kitab suci?

***

Goroh ing sumpah ora liya saka kurang jejege ati njajagi budi. Awit iku ana salah siji sujana kang ngugemi paugeran ngenani jejege laku. De Javanese Prins utawa Pangeran Tanah Jawa, mengkono julukane wong Walanda marang RMP Sosrokartono. Raka mase RAKartini kang poliglot iku nduweni paugeran urip kang kasebut Catur Murti.

Ya, paugeran awujud laku patang prakara kang kudu bisa nyawiji ing badan lan jiwa. Patang prakara iku: pangrasa, pamikir, tumindak, lan pocapan kudu bener, jejeg, lan nyawiji manjing ajurajer. Awit iku saora-orane Catur Murti bisaa dadi cekelan lan kepara gaman kanggo ngayahi urip bebrayan. Pisahe lathi lan ati mawi sumpah kayadene Abimanyu, apa tetep bakal dilakoni nayaka praja ing jaman kalabendu iki?

Yen terus mengkono, mesthi wae tekane jaman kalasuba mung saderma ana pangangen-angen! Kalabendu tetep lumaku. Kalasuba kandheg ing panjangka.(44)

- Danang Cahya Firmansah, lair ing Temanggung 18 Nopember 1993. Paraga Lingkar Studi Kebudayaan Indonesia (LSKI).